Minggu, 29 Maret 2015

ceritane wong kempong

kie cerita asline cuma piktif amun ana kepadaan Tokoh,cerita,lan seting ikuh cuma kebenran tok..
dadi mengkenen Alkisah ning desa sing arane entah brantah urip seorang manungsa jomblo oalah ko ya jomblo.. pemuda tampan lan rupawan arane banyu bening.. Banyu bening kui benih cintane Retno ayu lagan Bayu umbara Retno ayu putri cantik jelita anak semata goleke kyai pager beton sing due pesantren ning desa sing arane entah brantah sedangkan bayu umbara pangeran tampan lan rupawan sing doyan kawin anake pating tlektek ning seantero negri siluman jangkrik,dadi mengkenen ceritane bayu umbara kue kaperboy majalah suek dadi wadone ngayah pirang pirang doyan kawin cerai.
kaya cerita cerita karo wadon sing sejen retno ayu di pegat bayu umbara ninggal aken banyu bening sing masih abang..!! oalah lanang apa kaya kue
banyu bening belajar silat karo mbahe pengasuh pondok pesantren ning desa sing arane entah brantah. singkat cerita banyu bening tumbuh dadi pemuda tampan lan rupawan mirip bapake sayange masih jomblo oalah hahaha. banyu bening sering ngelamun Wadon sing di jodoh aken bada ora gelem ngomonge lanang apa bli bisa macul..!! banyu bening dadi ngayah ngelamun sampe keweruhan emake "cung sira ikuh kenang apa ngelamun bae.?"
"ndase otong mumet mak umur wis olih tapi durung kawin kawin mak aku ya wis pengen ngrasani kawin mak..!!"
"ari bapane kacung kawin bae kacunge sing gagah langka sing gelem sih primen..?"
"ngomonge otong bli bisa macul mak,padahalkan mak weruh dewek otong bli lokat marek ning sawah"
ya wis kacunge sing sabar bae ya cungya engko mbesuk marek ning mbahe..! jaluk alamat bapakne kacung..!"
"emong lah mak bapaneta ora tanggung jawab ninggal emak karo otong sing masih bayi"
"aja kaya kue cung..!! wong kaya kue geh bapane kacung aja dorhaka ning wong tua..! wis ko sekiki teka ning pesantren aja klalen gawa gedang ambon sing bagus bagus go mbahe..!!
"Ya wis mak otong ta nurut bae omongane emake wedi kualat ning wong tua"
"tapi engko amun otong ketemu bapane otong pan ngomong apa ya mak..?"
"jaluk ning bapane kacung ajian lanange jagat go nakluk aken atine wong wadon wadon bapane kacung due pengasihan kaya kue go ngenteng aken jodoh lan rejeki sing barokah,mapan emak pernah cerita bapane kacung kue gigih pisan jukut atine emak sampe di belani gawe pawon sewu iji"
"iya mak tapi sing otong bli ngarti kue goning bapane due ajian lanange jagat Bli di enggo ning emak padahal amun di enggokan ora usah gawe pawon sewu iji mak"
"lah kacunge primen wong bapane kacung kue demen emak temenan,wis mana mana luruh gedang ambone go mbahe..!!"
"ewuan gedang ambon di lewati banyu bening akhire olih alamat bapane,banyu bening mlayu separat kadal ngelewati alas alas sing ngayah silumane
banyu bening mlayu sampe sikile opyak pegel kringete grobyosan ngas ngis ngos karo napas hah hah "nang endi kiye" jare banyu bening ning jero ati ndase muter muter kliyengan ke entokan tenaga karna durung mangan sing esuk mula klalen sarapan boled capuh gaweane emake akhire banyu bening njukut golok sing nyelampir ning pinggule mbabati Uwite liyana sing ngandung banyu go nginum. ning jero ati banyu sing kekurangan banyu ya aku kie..!! hahah gemuyu ning jero ati ndase wis jembar bli kliyengan maning tas nginum banyu sing uwite liyana.
nembe pan mlayu maning sing buri ana sing ngomong "KIRIK,sapa kie sing ngrusak umahe aku"
nongol memedi Sing ana untu siunge kaya babi awake abang gede duwur bli nganggo klambi cuma nganggo cawet sing ning burine ana keris langka sarunge
banyu bening Kaget " masya Allah negenta satoan apa..? memedi tah wongeta"
"Heh nyuk kowen sing ngrusak umahe aku ya nyuk"
karo nuding nuding ning banyu bening ndeleng raine banyu bening memedi mau tambah enek nyewot
"Kunyuk,Ketek,asu,jadah,Pertama rabine aku di rebut sekien umahe aku di rusak njaluke apa sih nyuk"
ndeleng memedi mau ngamuk ngamuk banyu bening bli gentar.!! "bli weruh kang negenta langka sing genah ning kono dadine di babadi "
"Assssssssssuuuuuu..,kiyen dudu masalah umahe aku sing di rusak raimu tapi rabine aku keding sing di rebut di raimu,bajingan" dedemit mau ajrut karo njukut keris ning slempake di tusjlep aken ning wetenge banyu bening tapi ora kena keburu ketangkis di goloke banyu bening.
banyu bening serada keder arep ngomong apa.!
tapi buru buru otake jernih "punten kang,rika ikuh kayane salah uwong kang,amun umahe rika sing ngrusak ya ikuh aku tapi amun masalahe rabine rika aku bli weruh weruh acan kang.."
"Brisik cocot mu lancang..!!,wis ngerebut rabine demit sakien ngerusak umahe kowenkan sing arane Bayu umbara sing kaya asu pura ngerebut rabine uwong truse di pegat hobine kawinan.." krungu aran bapane di sebut mengkonon kupinge banyu bening panas akhire demit karo banyu bening gulet adu golok karo keris trang trang dejik dejug bajigur. mbum mbum ngek ngok banyu bening kena tubles ning dadane tepat ning jantung banyu bening Mati padahal ndurung kawin pengen ketemu bapane malah ketemu demit statuse jomdi jomblo abadi luwih duwur dari pada jones jomblo ngenes atawa joti jomblo mati.
Demit miki menang gemuyu ngekek seneng pisan sampe bli weruh ana gedang pating pleye ke edek gara gara gulet miki akhire memedi kepleset nyurungsuk ning mayide bayu bening sing ana kerise deweke Kerise nanjlep kaya kayon "MODAR"